Connect with us

Kabar

Dhahar Kembul Jenang Lemu di Malam Tirakatan Harlah Pancasila

Published

on

Ritual budaya Malam Tirakatan Harlah Pancasila di Titik Nol Kilometer Yogyakarta, Kamis (31/5) malam. Foto: Ist

YOGYA kota budaya. Malam Tirakatan Hari Lahir Pancasila, Kamis (31/5) pun sarat ritual budaya. Acara yang digelar mulai pukul 20.00 WIB itu, tak pelak menjadi kegiatan kebangsaan yang dikemas secara menarik. Tak heran jika wisatawan pun antusias mengikuti, bahkan terlibat dalam acara yang digelar di Titik Nol Kilometer Kota Yogyakarta.

Acara yang digelar Komunitas Perempuan Yogyakarta itu, didukung elemen lain seperti Kagama, Yayasan Indonesia Rumah Kebhinekaan, Koseta, Padi, LKJ Sekar Pengawikan, dan lain-lain. Doa bersama disusul dhahar kembul jenang lemu (makan bersama jenang lemu) bersama Sujarjoso SK Margono Widyasworo, Ki Sutikno, Miftah Bacria Saadah, Leana and Friends, Ivy Laurens, Bambang Nursinggih, dll.

Acara dibuka dengan Ritual Kidung Rumeksa Pancasila (berbahasa Jawa) karya R. Bambang Nursinggih oleh LKJ-Sekar Pangawikan pimpinan R. Bambang Nursinggih. Kemudian renungan serta orasi kebudaayaan bersama Dewan Kebudayaan Yogyakarta, Kharis Zubair, serta musikalisasi puisi.

Puncaknya, pembacaan deklarasi oleh Yayasan Indonesia Rumah Kebhinekaan, disusul gragmen lahirnya Pancasila oleh Teater Gadjah Mada. Dalam kesempatan itu, Ki Sutikno membawakan Renungan Pancasila. Partisipan lain, menghibur dengan sejumlah repertoar musik dan lagu.

Bambang Nursinggih juga tampil membacakan geguritan (puisi bahasa Jawa), berjudul “Sayuk Rukun Rumeksa Pancasila”. Seluruh rangkaian ditutup dengan pembacaan doa lintas agama. Setelah itu, makan jenang lemu bersama (dhahar kembul jenang lemu). ***

R. Bambang Nursinggih, membacakan geguritan (puisi berbahasa Jawa) “Sayuk Rukun Rumeksa Pancasila”. Foto: Ist

 

Sayuk Rukun Rumeksa Pancasila*

Karacik dening ; R. Bambang Nursinggih, S. Sn.**

Bumi gonjang-ganjing langit kelap-kelap katon

Lir wukir ginoncang angin, sabarang kadulu wukir moyag-mayig, oooo

 

Gara-gara, apa ta tandhane gara-gara kang nggonjak Yogyakarta.

Kawula gendra nggugu karsa priyangga, gawe sengsara kawula

Ya jalaran pakartine tetunggul tan bisa tinuladha,

ngangsa-angsa dhemen ngumbar nepsu candhala

Pindha brahala ngumbar angkara nedya nguntal negara,

mulyaake kawula minangka pawadan, jebul ngugung kersane wangsa

 

He durjana, aja padha murang tata. Nggonjak Ibu Pertiwi. Ponang Indonesia.

Kang adil paramarta. Bebarengan dipepetri. Murih raharja. Kuncara kadi wingi.

 

Lamun kawula paham bab Pancasila, negara ora bakal geger gombel

beda karep lan tata cara, bab-bab kang remeh digawe udreg,

becik Sayuk Rukun Rumeksa Pancasila

 

Muji hayu, ing ngarsane Gusti. Warga Yogja nyadhong pangayoman. Andhap asor adhedhepe.

Cipta tansah angidung. Ngreksa yuwanane Pertiwi. Tinebihna king walat. Srana jenang lemu.

Rumeksa pan Pancasila. Patik nggadhang Indonesia makmur adil. Bangsa nunggal sajuga.

Amung dhateng, Jengandika Gusti. Inggih Pangeran Kang Maha Wikan. Tuhu welas myang dasihe.

Patik nyuwun panjangkung. Ngidung laire dhasar nagri. Pun ponang Pancasila. Ical malanipun.

Temah Pancasila lana. Mangka dhasar nagri Indonesia adi. Amin tutuping puja.

Mangka Pancasila dudu asil pamikire politisi lan ahli demokrasi jaman saiki.

Kepara Pancasila wis ngumandhang sadurunge Indonesia disebut NKRI

Kena apa, pendhak-pendhak arep tumapake gawe, Pancasila diucik-ucik

Dimen ora nuwuhake gendra,

pangukir Pancasila koma-koma lan bedhamen anggone ngukir.

Kenapa bedhamen kuwi ditindakake,

jalaran pangukir ngajap Pancasila minangka dhasaring NKRI.

Bangsa Indonesia salah sawijine bangsa kang ora nate njajah bangsa liya.

Jalaran rasa kamanungsane kajiret rapet ing sanubarine bangsa kang luhur berbudi bawalaksana

Lamun ngajap kehing dur bisa kabirat, ayo Sayuk Rukun Rumeksa Pancasila dhasaring negara kang wis lawas angslup datan kacatur, enggal-enggal karangkul murih ora kebanjur nyrunthul ucul.

Kawula-gusti, narapraja lan wira mudha, pundhinen Pancasila minangka keblating bangsa Indonesia.

Murih Ibu Pertiwi ora duhkita, kawulalit kentas king kasangsayan, bisa nyecep adil kang sanyata,

bisa icip-icip kamulyan lan antuk payung kukum kang murwat

Kanthi ngregem semangate Bung Karna pahlawan nasional,  presidhen RI kapisan

kang nggagas laire Pancasila dhasaring negara, klawan mandhe semangat persatuan,

tan mangrwa mring darma, linambaran semboyan Bhineka Tunggal Ika, kekancing UUD ’45,

ayo gandheng konca, nunggal tekad njlumat NKRI dimen kaloking rat

 

Merdeka, merdeka, merdekaIndonesia, tetap Jaya !!!!

Rahayu, rahayu, rahayu

 

Minomartani, 31 Mei 2018

*) Kawaos ing Titik 0, adicara tirakatan mengeti hari lahir Pancasila 2018,  tgl 31 Mei 2018.

**) Pametri kabudayan Jawa, Sastrawan Jawa, juru beksa, panulis lan juru dongeng, Ketua LKJ-Sekar Pangawikan (Bima Kunthing no. 2, Ngayogyakarta), Ketua PSJKS (Paguyuban Sastrawan Jawa Kabupaten Sleman), Ketua Sekar Nawung Bujano, Ketua GPMB D. DIY, peng. LSBO Kab. Sleman, mapan ing Jln. Gurameh II/04, Perum. Minomartani, Ngaglik, Sleman, telp. 0274. 886165, 0274. 520511,  0851 0087 5883, 0822 7333 7487, Email: skr.pangawikan@gmail.com.

 

Continue Reading
Advertisement
Click to comment

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *